Tata
Cara Mantu Adat Jawa
Rerangkening tatacara
tiyang ingkang badhe bebesanan miturut adat Jawa wonten 6, inggih punika:
1.
Lamaran 4. malam medodareni
2.
Ningseti 5. ijab
3.
Siraman 6. lan pahargyan.
Ananging tasih wonten tatacara adat sanesipun,
gumantung papan lumampahing tatacara punika (adat lokal). Kangge ngawekani mbok
bilih anggenipun nglamar dipuntampik, supados boten lingsem pramila wonten
utusan ingkang winastan congkok.
Congkok punika utusan saking keluwarga PK ingkang nindhakaken jejibahan tindhak
wonten dalemipun keluwarga PP saperlu nakonaken.
1.
Lamaran
Tatacara lamaran ingkang prayogi punika PK
sowan wonten dalemipun tiyang sepuhipun PP kanthi perlu ngaturaken bilih
keluwarga PK badhe nglamar putrinipun (dinten, tanggal, wanci sarta kathahing
tiyang ingkang badhe sowan).
Leresipun ing tlatah Jawa, ingkang
nindhakaken panglamar inggih punika tiyang sepuhipun PK/ kadhang cinaket
(tuladha ingkang nglamar punika tiyang sepuhipun PP: Rembang-Pati, India). Putra
kakung boten ndherek, kangge ngawekani mbok bilih dipuntampik dados boten
lingsem. Ingkang atur wangsulan punika tiyang sepuhipun PP/ menawi kepepet
inggih kadhang cinaket.
Urut-urutaning lamaran:
a.
Atur pangandikan saking PK
1.
Muji syukur
2.
Pitepangan
3.
Salam taklim saking tiyang sepuhipun PK
4.
Nyuwun pangapunten menawi sowanipun wonten
kiranging subasita
5.
Wigatosing lampah
6.
Panutup
b.
Atur wangsulan saking PP
1.
Nyuwun pangapunten kiranging panampi
2.
Salam taklim katampi lan kosok wangsulipun
salam taklim katur tiyang sepuhipun PK
3.
Matur nuwun panglamaripun
4.
Pangajab/ pangarep-arep
5.
Dipuntampi punapa boten
6.
Panutup
c.
Tanggap wicara pancasan (putusan) saking
PK
1.
Leganing manah
2.
Enggal atur palapuran
3.
Nyuwun pamit
2.
Ningseti/ singsetan (naleni)
Ningseti punika limrahipun kakung tumprap
putri. Ubarampenipun inggih punika:
a.
Kalpika (ali-ali), ngemu suraos
tresnanipun boten saged pedhot kados wujudipun ali-ali.
b.
Ageman putri sapengadheg, ngemu suraos
bilih PK bakal nyekapi kabutuhanipun PP, lan nutupi sedaya wewadi.
c.
Rerenggan pelik-pelik (emas-emasan), ngemu
suraos penganten kekalih boten badhe damel kuciwa.
d.
Panganan saking ketan, ngemu suraos bilih
wos ketan punika tasih kumepyur nanging menawi sampun dipunolah saged luluh
dados setunggal (antawisipun PK lan PP).
e.
Lapis werni abrit lan pethak minangka
pralambang manunggaling rah lan sum-suming PK lan PP. rah lan sumsum boten
saged kapisah, menawi pisah ateges sirna.
f.
Woh-wohan (jeruk, manggis, nanas, lsp),
ngemu panyuwunan mugi tresnanipun PK lan PK saged mujudaken who ingkang sejati.
g.
Gedhang ayu limrahipun gedhang raja),
ngemu suraos bilih PK lan PP saged tumindak kados Raja ingkang sarwi tanggel
jawab.
h.
Cengkir gadhing. Cengkir isinipun toya
suci, ateges mugi PK lan PP anggenipun mangun bale wisma tansah linambaran
tresna ingkang suci.
i.
Arta utawi buwuh. Kerata basanipun “imbuh-imbuh anggenipun ewuh”. Tiyang
manton punika panci badhe kagungan damel utawi (ewuh).
j.
Urip-urip (pithik lancur lan dhara, utawi
banyak sajodho), ateges ingkang badhe bebojoan saged tanggel jawab dhumateng
keluwarganipun kados dene urip-urip.
3.
Siraman
Adicara punika dipunwontenaken sedinten
saderengipun adicara ijab-qobul, lan dilakoni ing dalemipun PP. wekdalipun
antawis tabuh 10 enjing – 3 sonten, jalaran wekdal punika minangka wekdalipun
widodari nalika siram. Macem-macem tegesipun siraman:
a.
Siraman dipunwastani adus kembang, amargi toya ingkang kangge adus sampun kacampur
kaliyan kembang sritaman (sri ateges
ratu, taman ateges papan). Sritaman inggih punika kembang ingkang pinilih
minangka ratuning kembang (mawar, melati, lan kenanga).
b.
Siraman dipunwastani adus pamor, kangge srana ambuka pamor (aura) pasuryanipun
panganten, mliginipun PP. supados nalika dipunpaesi, PP pasuryanipunipun kados
widodari.
Ancasipun siraman:
a.
Nyuwun marang Gusti supados calon
panganten saged kalis ing godha, lan saged nindakaken sedaya acara ngantos
purna.
b.
Kangge ngresiki sedaya rereged lair
trusing batin.
Ingkang nggadhahi jejibahan nyiram dipunwiwiti saking
tiyang sepuhipun PP, lajeng tiyang sepuhipun PK lan dipunpungkasi dening
pamaes. Kanthi mecah kendi lan ngendikan “wis
pecah pamore” tegesipun penganten kekalih sampun sumadya anggenipun
palakrama.
Ubarampe siraman:
a.
Toya
ingkang wangi. Toya ingkang wening pralambang panganten
kekalih saged mikir kanthi wening (fikiran jernih), lan tansah wangi ing saben
dintenipun.
b.
Klapa
binelah. Tegesipun kekalih panganten saged ngraosaken punapa
ingkang dipunraosaken pacanganipun kados klapa binelah.
c.
Jajan
pasar. Tegesipun Gusti punika maha mirah, dados
peparinganipun gusti punika maneka warna.
d.
Sekul
tumpeng. Tegesipun tansah enget dhateng pepesthening kodrat
ingkang sampun ginaris saking Gusti.
e.
Ingkung.
Tegesipun tansah eling dhateng ingkang maha linangkung.
f.
Bubur
warna pitu. Bubur tegesipun angubur sedayaning pakarti ingkang
boten sae, lan tansah nyuwun pitulungan dhateng Gusti.
g.
Cengkir
gadhing. (cengkir= kencenging pikir) tiyang ingkang badhe
omah-omah punika krdhah nggadahi pikiran ingkang kenceng lan boten miyar-miyur.
Sasampunipun siraman wonten adicara dodol dhawet dening tiyang sepuhipun PP.
adicaranipun:
a.
Ingkang sadeyan punika ibunipun PP, dene
bapakipun ingkang mayungi. Kanthi ancas bilih tiyang omahomah punika kedhah
gotong royong supados gesangipun tansah tentrem. Sanajan namung sadeyan dhawet
nanging saged kangge nyekapi kabetahanipun sakeluwarga.
b.
Ingkang tumbas punika para tamu,
migunakaken arto kreweng. Amarga manungsa asalipun saking lemah (kreweng
=lemah)
4.
Malem medodareni
Malem midodareni inggih punika malem
saderengipun adicara akad nikah lan panggih. Midodareni saking tembung
widodari, tiyang Jawa pertados bilih ing malem midodareni punika sedaya
widodari saking khayangan mandhap wonten dalemipun PP kangge ndadosaken
sampurna lan ayunipun PP kadosta widodari. Ing ndalu punika wiwit tabuh 6
sonten ngantos 12 ndalu, PP boten kenging sare lan boten kenging medal saking
kamaripun. Piyambakipun dipunkancani kancanipun ing kamar, lan boten kenging
kepanggih kaliyan PK.
Urut-urutan adicara malem midodareni:
a.
Jonggolan/ nyantri/ nyantrik (ngetoke
awak, kangge PK).
Ing malem midodareni tiyang sepuhipun PK,
PK, lan keluwarganipun sowan ing dalemipun PP, kanthi mbeta seserahan. Ing
mriku PK namung diaturi segelas toya pethah, lan boten kenging dhahar/ ngunjuk
sanesipun toya pethak. Punika pralambang kangge nglatih raos sabaripun PK
minangka imam (kepala keluarga).
Ancasipun jonggolan/ nyantri/ nyantrik:
1.
Ndadosaken bombonging manah keluwarga PP
amargi PK tansah pinaringan kawilujengan.
2.
Kangge nggampilake petugas KUA kangge
naliti administrasi.
b.
Pasrah catur wedha
Catur wedha punika pitutur saking tiyang
sepuhipun PP katujokake dhateng PK.
catur wedha punika wosipun sekawan
pandoming urip omah-omah, inggih punika:
1.
K
2.
O
3.
H
4.
i
c.
Tantingan
Sasampunipun keluwarga PK kondur, pramila
tiyang sepuhipun PP dhateng wonten kamaripun PP kanthi perlu nanting sepinten
mantepipun PP anggenipun palakrama. Lajeng PP kedah mangsuli bilih PP ikhlas
urip beberengan kaliyan priya ingkang sampun dipunpilih.
d.
Kembar mayang
Kembar punika padha, mayang punika
kembang. Kembar mayang ateges kembang ingkang werni lan wujudipun sami. Asal
usulipun kembar mayang punika saking
legenda Dewi Supraba lan Prabu Dananjaya, Dewi supraba kersa dados
garwanipun Prabu Dananjaya kanthi bebana, Prabu Dananjaya saged mundhut kembar
mayang khayangan awujud klepu dewadaru.
Klepu inggih punika kayu kalpataru, kalpataru dianggep “pohon kehidupan”, kalpa
ateges langgeng lan daru ateges wahyu. Werdinipun inggih punika supados
gesangipun saged langgeng.
Kembar mayang ngemu suraos:
a.
Wujud kados redi, inggil, lan amba. Ngemu
suraos yen PK kedah nggadhahi kawruh ingkang sae lan sabar.
b.
Wujud kados keris. Tegesipun penganten
kekalih kedah atos-atos sing samubarang tanduk.
c.
Wujud kados cemeti. Tegesipun penganten
kekalih kedah mikir ingkang sae-sae mawon supados gesangipun tansah tentrem.
d.
Wujud kados payung. Ngemu suraos yen
pacangan kedah sami-sami nglindungi.
e.
Wujud kados walang. Ngemu suraos penganten
kekalih kedah tanggap ing sasmita lan saged mundhut putusan ingkang paling sae
lan becik.
f.
Godhong ringin, ateges kedhah nglindungi.
g.
Godhong kruton, ateges nglindungi
panganten kekalih saking roh-roh ingkang ala.
h.
Wujud kados manuk, ateges panganten kedhah
nggadhahi ancasing gesang punika.
i.
Godhong dadap serep, godhong punika saged
kangge obat benter. Nandhakake yen pacangan kedhah nggadahi pikiran ingkang
wening nalika ngadepi sedaya perkawis.
j.
Kembang Patra Manggala, kangge nambahi ayu
kembar mayang.
Kembar mayang ancasipun:
1.
Kangge adicara temu panganten
2.
Kangge nebihaken sedaya bebaya/ roh-roh
3.
Kangge pakurmatan
5.
Ijab
Ijab utawi ijab kabul inggih punika
ngesahaken ningkahipun panganten kekalih saking petugas catatan sipil. Saking adicara punika, tiyang sepuh PP
masrahaken putrinipun dhateng PK. PK nampi PP kanthi ngaturaken mahar kangge
PP. adicara punika dipunsekseni dening sedaya keluwarga panganten kekalih,
tangga-tangga, lan petugas catatan sipil.
6.
Panggih
Nalika PK sampun dugi ing dalemipun PP,
lan PP sampun medal saking kamaripun. Pramila wonten tradisi ingkang wujudipun:
a.
Balangan suruh, ngemu suraos sinten
ingkang kenging suruh punika pramila gesangipun bakal menangan.
b.
Ngidhak tigan (dening PK), ngemu suraos PK
boten bakal nerak wewatoning ningkah. Ngresiki sukunipun PK (dening PP), ateges
PP tansah setya lan tansah nglayani PK.
c.
Sindur binayan, Bapa PP nuntun penganten
kekalih dumugi kursi panganten, lan Ibunipun PP nyampiraken kain sindur.
Minangka tanda yen bapa bakal nuduhake dalan tumuju kamulyanipun panganten, lan
ingkang ibu tansah paring dukungan.
d.
Timbang/ pangkon. Panganten kekalih
lenggah ing pangkuanipun bapa PP, kanthi ngendikan “padha-padha abote”. Ateges tresnanipun panganten kekalih sami-sami
kuat, lan ritual punika minangka wujud sayangipun tiyang sepuh marang putra
mantunipun.
e.
Tanem. Bapa PP nglungguhaken penganten
kekalih ing kursi panganten kanthi tanda bilih tiyang sepuh tansah ngrestuni
ningkahan punika.
f.
Tukar kalpika (ali-ali), minangka tanda
tresnanipun panganten.
g.
Kacar-kucur/ tampa kaya/ tandur. Kanthi
pambiyantu pamaes, PK maringi dele, kacang, wos, jagung, wos ketan, kembang,
arto (uang logam) ingkahng cacahipun genep, ing pangkuanipun PP kanthi pratanda
bilih PK tansah paring nafkah kangge panguripan.
h.
Dulang-dulangan, kanthi pralambang bilih
panganten kekalih kedhah nglakoni urip beberengan wiwit susah utawi seneng.
i.
Sungkeman, penganten kekalih nyuwun
pangestu dhateng tiyang sepuhipun lan marasepuhipun. Diwiwiti saking tiyang
sepuh PP.
DAFTAR
PUSTAKA
Pringgawidagda
Suwarna. 2003. Paningset, Srah-srahan,
dan Medodareni. Yogyakarta: Adicita Karya Nusa
http://semarasanta.wordpress.com/2007/09/12/adat-istiadat-jawa-manusia-jawa-sejak-dalam-kandungan-sampai-wafat/
Komentar
Posting Komentar